Subscribe Us

"Ikhlas Kerana Murih Ridlane Allah" - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 27 Januari 2017

4. Ikhlas Kerana Murih Ridlane Allah

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.


Jamaah Jumat Rahimakumullah, Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi  taat dateng sedaya perintahipun, saha nebihi  sedaya awisanipun.  Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami ngonjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci punika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Ampun ngantos kita nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang awisanipun Allah, wonten ing kawontenan kados punapa kemawon, tansah netepana taqwa lan taat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta'ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa - Saklajengipun mangga ikhtiyar ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita, bilih sedaya amal ibadah ingkang kita tindakaken wageda bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi  murih ridlanipun Allah. Jalaran ikhlas punika minangka jiwanipun amal,  artosipun amal ingkang katindakaken tanpa ikhlas punika bebasan jasad ingkang mboten wonten ruh ipun tentu mboten wonten ginanipun. Dados amal ingkang bade katampi dateng ngarsa dalem Allah inggih namung amal ingkang linandesan ikhlas. Kados dawuh dalem kanjeng Nabi Muhammad SAW. :
"Gusti Allah ora bakal kersa nampa amal kang ora disertani ikhlas kerana murih ridlane Allah" (HR.Ibnu Majah).
Ingkang dados kasunyatan, sabar dalah ikhlas punika pilihan, punapa malih saat kita kedah ngalami satunggaling perjalanan ingkang dadosaken ati sedih, kita saged milih badhe terus ngratapi kesedihan utawi purun enggal-enggal bangkit nguataken ati tambah semangat. Saestu sedaya ingkang gesang wonten bumi punika ngalami ingkang naminipun sedih, susah, masalah, anamung sedaya dipun paringi pilihan lan saged milih piyambah badhe terus-terusan sedih, frustasi utawi badhe bangkit muhasabah mundhut hikmahipun lan ndadosaken pribadi ingkang langkung sae. Wondene titik tolakipun amal punika wonten ing niyat, niyat ingkang ikhlas bade ndadosaken amal ingkang alit dados ageng, kosok wangsul, niyat ingkang mboten ikhlas waged ndadosaken amal ingkang ageng dados alit utawi kepara malah ndadosaken amal lebur tanpa gina. ٍSawenehing Ulama paring pengendika :
"Pirang pirang amal kang katone mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran sangka becike niyat, lan pirang pirang amal kang katone gede, nanging wusanane dadi cilik ganjarane amerga luput olehe niyat". Ningali semanten perananipun niyat sak lebetipun amal, pramila punapa kemawon amal ingkang waged kita tindakaken eman sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami kemawon ikhlas utawi mboten,  nanging labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten ngarsanipun Allah inggih namung menawi waged katindakaken kanti niyat ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah Ta'ala.

Jamaah Jumat Rahimakumullah, Langkung langkung amal ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, punika langkung rentan dateng lumebetipun seja ingkang ngirangi, utawi kepara ngrisak dateng amal kita. Kados dene sedekah, tetulung dateng sesami lan sanesipun punika langkung gampil kecampuran niyat lan seja seja kamanungsan. Ing mangka miderek dawuh hadits ingkang sanget kawentar kanjeng Nabi ngengetaken kanti dawuhipun :
Bilih, "tumrapipun satunggaling tiyang, punika bade pikantuk ganjaran miturut niyatipun"  .

Ing ngajeng ugi sampun dipun aturaken dawuhipun Allah ing Al Qur"an :

"Lan manungsa ora pada diperintah kejaba supaya ibadah marang Allah kelawan ikhlas murnekake ta'at marang Allah kerana nindakake dawuh  agama  kelawan lurus , lan pada njumenengake shalat lan pada zakat, ya mengkono iku agama kang jejeg" (QS.Al Bayyinah: 5).

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa – Wusananipun atur mangga kita sami ikhtiyar ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita ingkang kita tindakaken wageda bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi  murih ridlanipun Allah. Wosing atur mboten sanes sumangga patrap anggen kita ngrungkebi agami Islam sarta anggen kita taqwa dhateng Allah punika ingkang saestu, sawetahipun, lan saleres-leresipun sahengga kapribaden kita dados kapribaden Islam ingkang badhe mujudaken bebrayaning masyarakat umat Islam sayektosipun. Masyarakat ingkang pratapipun saget mangayu hayuning bawana, tata titi tentrem karta raharja, bekja fi dunya wal akhirah, amin ya rabbal alamin. Mugi mugi kita tansah kaparingan pitedahipun Allah tansah waged nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta'ala. Amin.


Posting Komentar

0 Komentar