Subscribe Us

"Nyuwun Dipunparingi Kesabaran Nalika Ngadhepi Musibah" - Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 20 Januari 2017

Nyuwun Dipunparingi Kesabaran Nalika Ngadhepi Musibah

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.
Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.
Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in
Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima
Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun
Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum
Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Mangga kita tansah ningktaken anggen kita sami taqwa dumateng Allah saben dintenipun kranten kanthi taqwa kita sedaya saged manggihi keselametan dunya akhirat, kula ngelingaken dumateng diri piyambak sumrambah dateng sedaya Jamaah Jumat Rahimakumullah mangga kita tansah nglampahi perintah-peritahipun Allah saha nebihi sedaya ingkang dipunawisaken. 
Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Akhir-akhir punika saking media kita asring mireng bilih kathah musibah wonten ing negeri kita, para sedherek  kita wonten ingkang kebanjiran kados ingkang kedadosan wonten ing Bandung, Karawang, Tangerang, ugi panggenan sanesipun kathah ingkang saweg nampi musibah banjir. Miturut data saking Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BPBD) dumugi wulan Oktober 2016 kathah kedadosan bencana wonten Indonesia ingkang paling kathah nggih bencana banjir ingkang wonten 6.915 kedadosan, Angin Puting Beliung 4.577 kedadosan lajeng Tanah Longsor 3.765 kedadosan, saklajengipun kathah malih data saking BNPB punika.

Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Pramila mangga kita sami sabar langkung-langkung nalika nampi ujian saking Allah, kita kedah mangertosi bilih anggen kita gesang temtu kemawon sedaya bakal ngadhepi ujian saking Allah supados saged dipun bedakaken sinten-sinten ingkang saestu iman dumateng Allah. Ujian punika temtu ugi mewarni-warni wujudipun saged arupi kekirangan sandang pangan, ajreh suda bandanipun utawi jiwanipun, dagangan boten laris lan sak sanesipun. Lan Sabar dados perkawis ingkang penting dipun lampahi khususipun kagem tiyang-tiyang ingkang beriman keranten sarana sabar punika sedaya perkawis ingkang dados cita-citanipun bakal dados kasunyatan. 

Allah paring firman wonten ing Surat At-Taubat ayat 51 ingkang artosipun :
Dawuhana sira Muhammad, ora pisan-pisan salah sakwijine perkara iku bakal tumiba marang kita, kejaba apa kang wus den tetepake Allah marang kita. Allah bendara kita lan namung marang Allah wong-wong kang iman kudu tawakal” (Terjemah Qur’an Basa Jawa : At-Taubat ayat 51)
Minangka Muslim kita kedah faham bilih sedaya kedadosan ingkang kita alami utawi ujian ingkang kita lampahi wonten “ibroh” utawi makna ingkang kedah kita galih artosipun, sedaya takdir wonten hikmahipun ingkang saged kita pundhut. Contonipun ujian tanah longsor wonten hikmah kagem tiyang ingkang lolos utawi selamet saking bencana inggih punika tiyang ingkang dipun paringi untung amargi taksih sempat dipun paringi teguran saking Allah, dipun paringi kesempatan kagem nglurusaken imanipun kualitas ketaqwaanipun, ugi taksih dipun paringi wekdal kagem nyuwun ampunan saking sedaya kesalahan lan dosa-dosa ingkang sampun dipun tindakaken lan seja boten badhe malih nindakaken kesalahan ingkang sami. Tiyang-tiyang ingkang lolos saking musibah punika ugi dipun paringi kesempatan kagem nindakaken amal shaleh kanthi nglampahi sedaya ingkang dipunperintahaken dening Allah SWT.
Tumrap ingkang panggenanipun tebih saking lokasi bencana ugi nggadhahi tanggungan utawi kewajiban paringi pitulungan kagem ingkang kesusahan, punika salah satunggaling hikmah saged ngraketaken paseduluran kanthi ningkataken Ukhuwah Islamiyah. Kagem tiyang ingkang gadhah rezeki arupi bandha kedah paring pitulungan dumateng sedherekipun ingkang saweg nampi ujian bencana kados dhaharan, sandang lan kebutuhan sanesipun, Rasulullah nate dhawuh :”Sapa wonge gelem ngeculake wong muslim saka kesusahan donya, mangka Allah bakal ngeculake wong iku saka kesusahan ing akhirat. Sopo wonge gelem ngenthengake bebane wong sing kesusahan, mangka Allah bakal nggampangake urusane ana ing akhirat, lan sapa wonge gelem nutupi aibe wong muslim, mangka Allah bakal nutupi cacate wong iku mau ana ing donya lan akhirat, lan Gusti Allah tansah nulungi marang sapa wae hambane kang gelem nulungi marang sedulure kaum Muslimin” (HR. Muslim). Sampun dados kewajiban sesaminipun kaum Muslim paring pitulungan Muslim sanes ingkang saweg nampi bencana, kedahipun boten kuatir utawi ragu-ragu paring pitulungan punapa malih ajrih bakal kekirangan bandhanipun amargi paring pitulungan dumateng muslim sanes. Rasulullah ugi nate ngendika : ” “Dudu termasuk golonganku, wong-wong kang ora peduli marang perkara-perkarane  umat Islam”
Ingkang dados pungkasan kita kedah tansah eling bilih sakwanci-wanci bencana saged kemawon dumugi tanpa kita nyana, kita boten saged mangertosi kapan ugi kados pundi bencana punika bakalipun kedadosan. Pramila mangga sakpunika kita sadar tambah ajrih ugi enggal-enggal taubat dumateng Allah, sumangga kita ngathah-ngathahaken anggenipun istighfar ugi kesabaran kita sedaya. Sepindah malih kita ingkang rumaos gadhah kuwaos kagem mbiyantu sedherek-sedherek ingkang nampi musibah enggal-enggal paring pitulungan, mugiya kita sedaya dipun tebihaken saking sedaya musibah lan bencana ugi kagem para korban bencana kita dedonga mugi sedherek-sedherek kita punika termasuk golonganipun syahid. Amiin



Posting Komentar

0 Komentar