Subscribe Us

4 Juni 2021 : "Taubat Sakderengipun Ajal", Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Taubat

khutbah jumat bahasa jawa tentang taubat

"Taubat Sakderengipun Ajal"

SantriONE.com – Alhamdulillah, wonten kesempatan ingkang agung punika kawula saged paring satunggaling tulisan ingkang temtunipun taksih tebih saking kasampurnan, anamung kawula depe-depe pangayomanipun Gusti mugiyo tulisan ingkang boten sampurna punika saged dipun paringin manfaat. Monggo dumateng sedaya ingkang betahakan langkung-langkung para khatib ingkang ngersakaken materi khutbah Jumat, mugiyo saged ambiyantu.

KHUTBAH PERTAMA

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.

Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.

Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in

Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima

Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun

Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum

Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

 

Alhamdulillah, wonten kesempatan ingkang agung punika kawula saged paring satunggaling tulisan ingkang temtunipun taksih tebih saking kasampurnan, anamung kawula depe-depe pangayomanipun Gusti mugiyo tulisan ingkang boten sampurna punika saged dipun paringin manfaat. Monggo dumateng sedaya ingkang betahakan langkung-langkung para khatib ingkang ngersakaken materi khutbah Jumat, mugiyo saged ambiyantu.    

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa Tema Taubat 4 Juni 2021 

SantriONE.com – Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Juni 2021 : "Taubat Sakderengipun Ajal" – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Kita Mukmin minangka kawulanipun Allah SWT,  kathah sanget goda lan coba wonten dalem agesang, syaithan, jin lan manungsa tansah sareng-sareng nafsu ngajak perkawis awon. Anamung Allah paring senjata kagem merangi goda lan coba punika, nun nggih ingkang asma Taubat.

Pangendikanipun Allah SWT wonten al-Qur’an:

 

وَاعْتَصِمُوْا بِالله هُوَ مَوْلاَكُمْ فَنِعْمَ اْلمَوْلىَ وَنِعْمَ النَّصِيْرُ

Ingkang artosipun: “ Podho gondelano siro kabeh marang tali agamane Allah, saktemene Allah SWT iku bendoro siro kabeh, mongko sak bagus-baguse bendoro iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi iku Allah SWT”.

 

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Juni 2021 : "Taubat Sakderengipun Ajal" – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Pramilo sinten kemawon tiyang ingkang ngelampahi perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados engal-enggal taubat marang Gusti Allah lan nyuwun pengapunten dateng Allah lajeng dipun sarengi kaliyan amal ingkang sahe soho nebihi dateng perkawis ingkang awon kolo wau. Keranten sedoyo perkawis ingkang sahe puniko saged ngelebur perkawis ingkang awon utawi maksiyat. Kados dawuhipun Allah wonten al-Qur’an :

 

وَمَنْ يَعْمَلْ سُوْأً أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللهَ يَجِدِ اللهَ غَفُوْرًا رَحِيْماً

Artosipun kirang langkung: “ Sing sopo wonge ngelakoni olo utawi nganiyoyo tumrap awake dewe nuli podo nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mongko bakal nemu dzat kang akeh pengapuro lan welase”.

 

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Juni 2021 : "Taubat Sakderengipun Ajal" – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Pancen taubat ingkang saestunipun puniko saged ngelebur dateng amal awon ingkang dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad  SAW:

Artosipun: “Wong kang taubat iku koyo dene wong kang ora ono dosane (ora duweni doso)”.

 

Kanjeng Nabi SAW dawuh:

لاَ تَيْئَسُوا مِنْ رَوْحِ اللهِ

 

Artosipun: “Ojo podo putus asa siro kabeh saking rohmatipun Allah SWT”.

 

Ananging sedoyo kolo wau mboten ateges gegampang dateng pengapurane Gusti Allah, selajeng tansah nindaaken maksiyat lan duroko dateng Allah SWT puniko boten. Balik monggo poro kaum muslimin sedoyo sami mangertosi bilih ingkang nami taubat inggih puniko mareni agawe maksiyat tumuju toat marang Gusti Allah. Boten namung dipun dipun ucapaken wonten ing lisan kemawon.

Lan taubat puniko ugi wonten syarat-syaratipun, Niyat nebihi maksiat, nggetuni dosa, kagungan sejo mboten mangsuli, nyuwun ngapunten dateng tiyang sanes umpami dosa punika wonten hubunganipun kaliyan tiyang sanes.

 

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa 4 Juni 2021 : "Taubat Sakderengipun Ajal" – Jamaah Jumat Rahimakumullah, Satunggaling dosa ingkang boten dipunampuni nggih punika musyrik utawi nyekutoaken Allah, sanesipun saged dipun taubati. Milo sumonggo engal-enggal kito ngelampahi taubat mumpung dereng dumugi ajal. Sebab ajal kito sedoyo puniko boten ngertos kapan dumuginipun. Lan manawi sampun dumugi puniko boten saged dipun semayani. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an:

 

إِذاَ جاَءَ أَجَلُهُمْ فَلاَ يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَلاَ يَسْتَقْدِمُوْنَ

 

Artosipun: “ Nalikone ajal utawi pati poro manungso iku wus teko, mongko poro menungso iku mau ora biso jakuk wektu di akhirake utawi di dhisiake. 

Pramila mangga, sepindah malih mumpung taksih dipun paringi kesempatan enggal-enggal taubat, sakderengipun lawang taubat dipun tutup kanthi dumuginipun ajal.

Berikut ini adalah DAFTAR ISI LENGKAP KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA TAHUN 2022

Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak.

 


    Demikian artikel yang berisi kumpulan Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tahun 2022, semoga bermanfaat, Kami melayani jasa pembuatan teks materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia, tema sesuai permintaan, BAYAR SEIKHLASNYA silahkan hubungi kami di halaman kontak

Posting Komentar

0 Komentar