Subscribe Us

25 Desember 2020 : "Warsa Enggal 2021, Kesempatan Mukmin Kagem Taubat", Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Tema Akhir Tahun 2022

“Perumpamaan (nafkah yang dikeluarkan oleh) orang-orang yang menafkankan hartanya di jalan Allah adalah serupa dengan sebutir benih yang menumbuhkan tujuh bulir,

pada tiap-tiap bulir seratus biji. Allah melipatgandakan (ganjaran) bagi siapa saja yang Dia kehendaki. Dan Allah Maha Luas (karunia-Nya) lagi Maha Mengetahui”

[TQS. Al Baqarah 261]

 

Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh,

Terima kasih telah membuka website kami untuk mendownload isi khutbah jumat ini, SEMOGA BERMANFAAT DAN BERKAH, untuk mendownload judul khutbah lainnya silahkan buka :

 

https://www.santrione.com/2022/01/kumpulan-khutbah-jumat-bahasa-jawa.html

atau

<<< KLIK DISINI >>>

 

kami mengajak anda untuk ikut berpartisipasi dalam perjuangan dakwah melalui media internet dengan cara membantu menyisihkan harta anda untuk kebutuhan dalam menyebarkan Islam melalui media agar tetap eksis dalam mengelola web, blog, dan media sosial untuk syiar agama. Silahkan kirimkan infaq anda seikhlasnya melalui rekening kami di : 

BANK BCA | No. Rek. 1221090794 | an. SOLICHIN 

kami juga akan memberikan EBOOK terbaru KUMPULAN KHUTBAH BAHASA LENGKAP SATU TAHUN (BAHASA INDONESIA/BAHASA JAWA) untuk anda yang berinfaq diatas Rp.100.000,- dengan cara mengirimkan bukti transfer dan alamat lengkap anda (untuk pengiriman buku tersebut) via email ke : solichin99@gmail.com

atau via WA : 0811 7211 666

 

--- Ya Allah Kami Telah Sampaikan, Maka Saksikanlah ---

 

 

 

Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh,

 

Redaksi SantriOne.com


"Warsa Enggal, Kesempatan Mukmin Taubat"

"Warsa Enggal, Kesempatan Mukmin Taubat" - Materi Khutbah Jum’at Bahasa Jawa 31 Desember 2022


Materi Khutbah Jum’at Bahasa Jawa 31 Desember 2022


Warsa Enggal 2023, Kesempatan Mukmin Kagem Taubat

 

Khutbah I

 

 

 

ﺇِﻥَّ ﺍﻟْﺤَﻤْﺪَ ﻟِﻠﻪِ ﻧَﺤْﻤَﺪُﻩُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻌِﻴْﻨُﻪُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻐْﻔِﺮُﻩْ ﻭَﻧَﻌُﻮﺫُ ﺑِﺎﻟﻠّﻪِ ﻣِﻦْ ﺷُﺮُﻭْﺭِ ﺃَﻧْﻔُﺴِﻨَﺎ ﻭَﻣِﻦْ ﺳَﻴِّﺌَﺎﺕِ ﺃَﻋْﻤَﺎﻟِﻨَﺎ، ﻣَﻦْ ﻳَﻬْﺪِﻩِ ﺍﻟﻠﻪُ ﻓَﻼَ ﻣُﻀِﻞّّ ﻟَﻪُ ﻭَﻣَﻦْ ﻳُﻀْﻠِﻞْ ﻓَﻼَ ﻫَﺎﺩِﻱَ ﻟَﻪُ.

 ﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻻَ ﺇِﻟَﻪَ ﺇِﻻَّ ﺍللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ, ﻭَﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﻋَﺒْﺪُﻩُ ﻭَﺭَﺳُﻮْﻟُﻪُ

اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

قول الله تعلى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا أَمَّا بَعْدُ

 

Jamaah Jum’atRahimakumullah,

 

Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.

Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.

Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in

Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima

Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun

Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum

Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

 

Mangga sareng-sareng kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi taqwa ingkang saestu nggih punika nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti ajrih utawi ingkang kita kenal “taqwa” punikalah ingkang saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing dunya punika, langkung-langkung mbenjeng menawi kita sampun sowan wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi kita tansah saget nyirami manah, kanthi taqwa ingkang banget wigatosipun punika, Amin

 

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Sakpunika kita wonten ing pangujung warsa 2016 artosipun boten dangu badhe nglampahi warsa enggal 2017, perkawis punika ugi paring pawartos bilih umur kita badhe nambah satunggal tahun malih, anamung ugi gadhahi artos bilih nambahipun umur punika nggih badhe kirang jatah gesang wonten ing alam donya sahingga dumugi dinten ajalipun. Dinten nalika ajal dumugi boten badhe pengaruh pinten umur kita, sinaos taksih anem boten saged dipun anyang, ajal badhe dateng boten waged dipun undur utawi dipun majengaken. Kados firman Allah ingkang sampun kasebat wonten Al Qur’an :

“Mangka yen ajal wong-wong iku wis teka, wong-wong mau ora bisa mundurake utawa majukake sinaosa sakwayah” (Terjemah Al Qur’an Bahasa Jawa Surat Al A’raf ayat 34).

Mila punika kita minangka tiyang-tiyang Mukmin ingkang gadhahi iman dumateng dinten akhir, wekdal gantosipun warsa punika kedahipun dipun manfaataken kagem introspeksi, punapa tahun kapengker sampun kathah amal shaleh punapa boten, umpami kathah amal shaleh temtunipun termasuk dumateng tiyang-tiyang ingkang begja anamung bilih taksih kathah maksiatipun punika ateges termasuk tiyang-tiyang ingkang rugi, mila kedahipun saged prihatin ugi sedih bilih taksih langkung kathah maksiatipun tinimbang amal shalehipun.

Khutbah Jumat Bahasa Jawa - Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Tahun ingkang kathah pengalaman ugi pelajaran punika badhe kita lewati saklawasipun, saklajengipun badhe ngadhepi tahun baru inggih warsa enggal 2023. Kados tahun-tahun kapengker, tahun baru 2023 punika ugi sami saged dados tahun ingkang untung utawi rugi, bilih kita saged ngisi tahun punika kanthi ngathahi amal shaleh artosipun kita badhe termasuk tiyang ingkang untung anamung kosokwangsulipun bilih taksih kathah maksiat ingkang dipun lampahi artosipun kita badhe termasuk tiyang ingkang rugi. Mangga kesempatan punika kita dadosaken kesempatan kagem ngathah-ngathahi taubat dateng sedaya tumindak kita ing tahun kapengker ingkang taksih nglampahi maksiat, kados firman Allah wonten Al Qur’an :

“He wong wong kang iman, taubata sira marang Allah kanthi saktemene taubat” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat At Tahrim ayat 8).

“Taubata sira marang Allah He wong wong kang iman, supaya untung” (Terjemah Qur’an Bahasa Jawa Surat An Nur ayat 31).



Kados pundi agengipun dosa ingkang sampun nate dipun lampahi umpami kita badhe taubat kanthi saktemenipun taubat mangka Allah badhe paring pangapuran, punapa malih kesempata sakpunika Tahun Baru 2023 tergantung dumateng azam kita nglampahi warsa enggal minangka Muslim ingkang jelas gadhahi tuntunan Al Qur’an lan tauladan saking panjenenganipun Rasulullah Shalallahu ‘alaihi Wassalam. Kedah rumaos taksih kathah dosa-dosanipun sahingga dipun kathah-kathahi anggenipun taubat, saged kemawon ajal dumugi sakderengipun taubat. Perkawis punika ingkang kita sedaya tansah rumaos ajrih mangka mangga ampun ngantos dipun undur dipun tunda sebab kita boten mangertosi wekdal ingkang badhe dipun kita lampahi. Kita ugi kedah mangertosi bilih taubat punika wonten ciri-cirinipun, Ba’dul Hukama’ paring penjelasan bilih ciri-ciri tiyang taubat punika wonten 4 perkawis, nggih punika :

1.    Ngekang lisanipun saking ucapan ingkang kathah maksiat kados ghibah, adu domba ugi sulaya utawi ngapusi

2.    Ilangipun sifat hasud wonten manahipun ngeraos boten gadhah musuh ing masyarakat

3.    Nebihi pergaulatan saking para ahli maksiat

4.    Siap-siap ngadhepi maut kanthi taubat nyuwun pangapunten saking dosa-dosa kapengker lan nambahi taat dumateng Allah Ta’ala.

 

Mangga kita sareng-sareng dadosaken kesempatan warsa enggal utawi Tahun Baru 2023 punika kanthi nyadari sedaya dosa ugi taubat kanthi saktemenipun taubat nyuwun panganpun dumateng Allah Ta’ala, mugiya saklebeting tahun 2023 kita termasuk golongan tiyang ingkang untung ateges ingkang kathah amal shalehipun. Amiin..


ATAU BACA ARTIKEL SERUPA LAINNYA :

Posting Komentar

0 Komentar